SERAT SEJATINING URIP ... Urip Iku Roso, ... Urip Sakjroning Urip, Ojo Sampe Mati Sakjroning Urip !!!, ... Mangertenono Urip Iku Duweni Tujuan, Dadi Ora Mung Urip-Uripan, ... Tansaho Eling ...

PEPADANG SAJRONING URIP

,
Dadio pepadang sajroning urip sepiro gedene pepadang iku iso di ugemi...

Ojok sampe muncul "rumongso gede/luwih" nang sakjroning ati sebab iku iso dadi howo ora apik.  OJO DUMEH !!! Dadio menungso sing gede rumongso (ngrumangsani). Bab rumongso iki meski ora kemucap tpi iso dimangerteni. Eling batin iku ora iso ngapusi lan ora iso diapusi. Gusti Maha Mangerteni.

Ojo sok mbandingke kahanan, sbb iku iso nyandungi mergo nguripke pikir, tapi ngetutno sifat2 apike... contone si A luwih mapan mulo iso luwih ngamal, dll, dudu kahanan luwih iku sing di delok tapi diconto sifat apik teko ngamal iku dewe..

Sifat2 kamenungsane menungso,...
(dadi menungso kudu iso nempatke lan mangerteni, contone adap pas ketemu karo wong luwih tuwo kudu bedo adap karo nek pas ketemu konco barakane, dll)

Guru roso iku kudu biso ngrasake opo wae ben iso mulangke .
Laku sing saiki lagi di ca'ke iki jik hal laku ngadepi howo alam sing ono nang jerone awake dewe, durung di adepke pawujudan howo alam sing saknyatane ...
Previous Post Next Post