SERAT SEJATINING URIP ... Urip Iku Roso, ... Urip Sakjroning Urip, Ojo Sampe Mati Sakjroning Urip !!!, ... Mangertenono Urip Iku Duweni Tujuan, Dadi Ora Mung Urip-Uripan, ... Tansaho Eling ...

GUSTI ORA SARE

,
Sering krungu istilah "Gusti Ora Sare" maksude Gusti mirsani, mirsani sopo? Mirsani batine menungso sing tansah urip. Batin tansah urip nek kabecikan wes iso diugemi dening menungso iku dewe. Tumrape menungso meski rogone lagi sare nanging batine tetep urip ben tansah oleh pituduh soko Gusti. 

Mulo iku tansaho nyawiji !!!

Sejatine, menungso ditekake ono ing ndonyo iku kanggo "nglakoni urip" dudu bab "agama" utowo sandangan liyone, sbb sing jenenge menungso iku kabeh dudu mung umat salah sijining agama utowo sandangan sing liyone.

Nglakoni urip sing kepiye? Yoiku nglakoni urip sing tansah iso ngugemi kabecikan.

GustiAlloh iku Maha Adil, adil nganggo dasar kabecikan dudu dasar agama utowo sandangan liyone
Previous Post Next Post