SERAT SEJATINING URIP ... Urip Iku Roso, ... Urip Sakjroning Urip, Ojo Sampe Mati Sakjroning Urip !!!, ... Mangertenono Urip Iku Duweni Tujuan, Dadi Ora Mung Urip-Uripan, ... Tansaho Eling ...

WELAS ASIH

,
Welas asih iku ndeloke nganggo roso dudu rogo/donyo/sarono, ukurane pawongan sing wes iso welas asih iku nek wes iso luweh ngrasake kahanan sing dialami pawongan liyo sing dipersani tinimbang pawongan liyo iku dewe.

Sejatine jiwo iku dewe2 lan mardiko,  tumprap tatanan ing donyo biso wae dadi anak, bojo, dulur lan liyo liyane. Nanging jiwone tetep mardiko, mulo iku ojo sok bates2i/menggak/mekso/kepekso nganggo dasar rogo/donyo/sarono sbb jiwone iku duwe perjalanan dewe2 kanggo ktemu karo sejatining jiwo (jiwo iku resik anane, suci anane, mulo nek iku dilakoni biso ketemu jiwo sejatine). Iku salah siji praktek laku numbuhke roso welas asih.

Welas asih iku dadi dasare sifat wicaksono, meski ora ono tumrap menungso sing biso wicaksono sbb iku tatanane kanggo poro dewo, kanggo menungso tatanane yo roso welas asih utowo roso sing tumuju marang sifat wicaksono.

Ono pawongan sing wes teko marang roso welas asih wae iso dunungke sesuatu marang pawongan liyo, opo maneh Gusti Sing Moho Welas Asih yo pasti tambah biso dunungke opo wae tumrap menungso sing wes iso welas asih. Mulo iku ojo sumelang bab kahanan ing donyo
Previous Post Next Post