URIP lan PANGURIPAN
,
Urip (roso) : jiwo, rogo lan roso, urip iku wiwitan lan puputan, urip iku teko lan lungo dst. Urip sing bener2 urip duduk mati nang jerone urip.
» Panguripan iku srana gawe urip (wujud)
» Urip sing waton ojok waton urip
» Tujuan urip, nek bali kondisi koyo pas tekane (bayi)
Urip ngetutke sopo? Urip iku ngetutke Qolbune dewe2 sbb nang kono ono Gusti, bkn ngetutke utusan/umat A, B, C isih bedo2, coba Nabi Adam ngetutke sopo. Nah nek urip iku ngetutke qolbu kabeh wong iku podho.
Urip iku nganggo laku, ngangungke Gusti lan syukur. Urip dudu panjalukan. Urip iku kanggungane Gusti tpi urip iku yo dewe2. Slamet ora iku dudu mergo Gusti, tapi mergo awake dewe sbb nek slamet mergo Gusti, kabeh wong slamet sbb Gusti Maha Adil. Urip sejati lan becik, panguripan engko ngikuti.
Urip iku nggandeng roso, mula tawasul kanggo sopo wae/ wong liyan, tawasul alam, makhluk liyo dll. Panguripan engko ngetut/teko dewe (nguripke panguripan)
Tawasul kanggo wong urip (rogo) kanggo pnguripan. Tawasul kanggo sing wes mati iku kanggo doa dn saling doakan.
Bocah/bayi mlebu surgo, sbb tansah bungah, bungah sing ora karo sebab tapi, roso bungah sing sejati. Raono bayi susah mergo mikir dst
"Nangdi rogomu semono uga pikiran lan atimu"
Eling !!! Nyawang koyo ora nyawang, krungu koyo ora krungu » agar batin yg hidup bukan pikiran yg hidup
Sing iso gawe cedak utowo adoh iku roso, semono ugo marang Gusti. Nek pengin cedak yo gawe roso. Tanda2 roso cedak iku roso bungah, bungah sejati dudu mergo sebab. Mulo tansah nggandeng roso (tawasul).
Sing iso ngrungkepi panguripan iku Roso dudu rogo, sebab roso iku ora ono watese nek rogo ono watese.
Roso iku sing gawe cedak opo wae.
Urip ayem tentrem, tergantung roso dewe2. Contoh : sakdurunge ora ono ra masalah, banjur ono, bgitu mbalik ra ono kok masalah? Sakabehing sing ono kuwi kagungane Gusti, manungso sadermo dititipi lan njogo sing apik. Nek karo Gusti disuwun balik yo kudu ikhlas
Get blog updates in your email
Register and receive direct to your email E Free Enter your email and confirm to start receiving exclusive news from Blog!