Ing sakjroning panguripan ...
Pikir iku tetep oleh mlaku, nanging batine kudu luwih mlaku dhisik ono nang ngarepe, tujuane ben iso tansah nuntun pikir iku dewe ...(kepikir tapi dudu dipikiri/kepikiran)
Eling batin iku ora iso ngapusi lan batin iku ora iso diapusi. Batin iku iso muncul nek pawongan wes iso nyawiji marang Gusti.
Ngilmu roso iki, ngilmu goleki Gusti dudu ngilmu golek duit/rejeki/donyo. Eling nek wes iso nemu/tekan marang Gusti mulo bab donyo bakal ngikuti, sesuai janjine Gusti bab nyukupi kebutuhan.
Ngilmu roso iku dilakoni ora mung supoyo diduweni nanging iso tansah nyawiji utowo disawijike. Ngilmu roso kuwi ora ono enteke, tambah suwe tambah jero, tambah suwe tambah jembar, tambah suwe tambah alus, lan sakteruse...
Nyawiji iko sejatine yo dongo, nanging dongo durung tentu nyawiji. Dongo sejatining dongo iku tansah eling. Tansah eling iso digayuh nek wes biso nyawiji.
Sejatine ing panguripan iku ora ono. perkoro, sing ono yoiku merkarake trus akhire dadi perkoro. Kabeh iku muncul yo teko pikir lan penggalihe.
Wening iku bedo karo laku batin, wening iku podo karo topo broto yoiku nguripke roso dadi iso wae isih krungu opo wae sing ono saubenge. Nanging laku batin iku luwih duwur maneh (jonggring saloko). Hasil teko nguripke roso yoiku onone roso bungah sejatining bungah.
Ora kabeh menungso iso duweni doyo batin, sebab iku hadiah teko Gusti kanggo pawongan sing dipilih mergo lakune sing tansah ngasah Qolbune, yoiku 4 golongan menungso
1. Uripe mung kanggo Gusti lan Kabecikan (pertopo)
2. Uripe didunungi ilmu lan disebarke kanggo pawongan liyo
3. Uripe didunungi babagan donyo, nanging iso tansah nyawiji (yoga)
4. Uripe tansah laku kabecikan nanging ora nate dicritake marang liyan (karmo)
1. Uripe mung kanggo Gusti lan Kabecikan (pertopo)
2. Uripe didunungi ilmu lan disebarke kanggo pawongan liyo
3. Uripe didunungi babagan donyo, nanging iso tansah nyawiji (yoga)
4. Uripe tansah laku kabecikan nanging ora nate dicritake marang liyan (karmo)
Ngilmu iku ora ono wayah lan papan panggonan, kapan wae lan nangdi wae iso ngilmu.